dening: Bondan Nusantara
Sasi putih mecaki wektu
Pinungkasan pitungkas agawe gembira
Nglebur sakehing luput lan dosa
Kang tumanduk ing pasrawungan
Takbir ngulandara ing sepining wengi
Dumeling ngliwati sawah kutha lan desa
Rinengga kepet kupating patrap
Mbukak gapuraning pangapura
Sasi putih nyuceni ati lan pakarti
Riyaya minangka panglebur dosa
Nyiram tentrem ndhangir mulya
Ngutamakake rasa kamanungsan
Sinartan apura ingapuran
SELAMAT HARI RAYA IDUL FITRI 1431 H, MOHON MAAF LAHIR DAN BATIN